Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:27 - Kitab Sutji

27 Bareng wayah ngarepake suruping srengenge Senapati Yusak dhawuh ngudhunake mayite saka ing kayu mau sarta padha dibuwang ing jero guwa, panggonane ndhelik. Cangkeming guwa mau banjur ditutupi watu gedhe-gedhe, kang isih ana nganti saprene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:27
5 Iomraidhean Croise  

Banjur padha ngudhunake layone Pangeran Absalom lan dicemplungake ana ing luwangan kang gedhe ing alas kono, nuli didegi tumpukan watu kang gedhe banget. Sakehe bala Israel mlayu nggendring mulih marang kemahe sowang-sowangan.


Apa maneh Sang Senapati Yusak banjur ngadegake watu rolas ana ing satengahe kali Yarden, ing tilas papan tumapake tlapakane para imam, kang ngusung pethi prasetyan. Watu-watu mau isih tetep ana ing kono nganti tumeka saiki.


Sawuse iku ing dhuwure diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe kang isih nganti saprene. Mulading bebendune Sang Yehuwah banjur sirep. Mulane panggonan kono katelah lebak Akhor nganti tumeka ing dina iki.


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan