Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:26 - Kitab Sutji

26 Sawuse iku para ratu mau banjur padha disedani dening Senapati Yusak, tumuli padha digantung ing kayu limang iji, panggantunge ing kayu mau nganti tumeka ing wayah sore.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:26
14 Iomraidhean Croise  

mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah wonten ing Gibeon, ing paredenipun Sang Yehuwah.” Tumuli pangandikane Sang Prabu: “Iya, ingsun bakal maringake wong iku.”


banjur padha dipasrahake marang tangane wong Gibeon. Wong iku banjur padha digantung dening wong Gibeon ana ing pagunungan ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Wong pepitu iku padha mati bareng. Wong iku anggone padha kaukum pati nalika wiwitane mangsa panen, iya wiwitane mangsa panen sair.


Prakara mau nalika katiti-priksa, tinemu nyata mangkono. Abdi loro mau padha disulah ana ing cagak. Sabanjure lelakon iku katulis ana ing buku sejarah ana ing ngarsane Sang Prabu.


kagawe nandukake piwales marang para bangsa, lan kanggo niksa marang para suku bangsa,


Mengsah kawula sampun Paduka damel sami keplajeng saking ngajeng kawula, sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes.


Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”


Nanging wong kabeh padha matur: “Rahipun dhumawaha ing kawula dalah saanak-anak kawula.”


Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib – sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul – mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Prabu Zebah lan Prabu Salmuna tumuli padha ngandika: “Sumangga panjenengan piyambak jumenenga nempuh dhumateng kawula, amargi kadosdene tiyangipun, makaten ugi karosanipun.” Sang Gidheon banjur jumeneng lan nyedani Prabu Zebah lan Prabu Salmuna, tumuli mundhuti kalung-kalung rembulanan kang ana ing guluning unta-untane.


Nanging Nabi Samuel ngandika: “Kaya dene pedhangmu kang marakake wong wadon padha kelangan anak, mangkono uga ibumu bakal kelangan anak ana ing antarane wong wadon.” Sawuse iku Nabi Samuel nigas janggane Prabu Agag ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Gilgal.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan