Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:24 - Kitab Sutji

24 Bareng ratu mau wus padha digawa metu kaladekake marang ing ngarsane Senapati Yusak, Sang Senapati banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta dhawuh marang para tetindhihe prajurit kang wus ndherek perang: “Padha majua, tlapakanmu ancikna ing githoke para ratu iki.” Para tetindhih nuli padha maju lan ngancikake tlapakane ana ing githoke para ratu iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:24
18 Iomraidhean Croise  

kawula sirnakaken lan kawula ejur, temah boten tangi malih, lan sami ambruk wonten ing sangandhaping suku kawula.


Mengsah kawula Paduka dadosaken keplajeng saking kawula, tiyang ingkang nyengiti kawula, sami kawula tumpes.


Pangeran banjur ngesoki kawirangan marang para panggedhe, padha kadadekake nglambrang ana ing pasamunan, kang ora ana dalane.


Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”


Pangeran wonten ing tengen Paduka, ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun;


Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang; ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.


Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi, singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.


nanging iku bakal Sunparingake marang wong kang nindhes sira, wong kang maune celathu marang sira: Tumungkula, supaya aku padha bisa liwat kalawan ngidak-idak awakmu! Sira banjur mengkureb warata karo lemah lan dadi dalan tumrap wong kang liwat ing dhuwure.”


Sarta para wong duraka iku bakal sira idak-idak, marga bakal padha dadi awu ana ing sangisoring tlapakanira, besuk ing dina kang Suncawisake iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.


Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.


Rahayu kowe, he Israel, sapa kang madhani kowe, sawijining bangsa kang kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, tameng pitulungan lan pedhanging kaunggulanmu. Mulane mungsuhmu bakal padha nungkul sumuyud marang kowe, sarta kowe bakal lumaku ngambah ing punthuk-punthuke.”


Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhi mangkene: “Lungguha ana ing tengeningSun, nganti mungsuh-mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira?”


Tumuli dhawuh marang Sang Yeter, putrane pambajeng: “Ngadega, patenana?” Nanging wong anom iku ora ngunus pedhange, amarga wedi, amarga isih enom.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan