wong sabangsa kabeh tumuli padha bali kalawan slamet marang ing ngarsane Senapati Yusak menyang ing palereban ing Makeda, ora ana wong siji-sijia kang wani ngucapake pangancam marang wong Israel.
Kang kadhawuhan tumuli padha nglakoni mangkono, ratu lima padha digawa metu saka ing guwa, kaladekake marang ngarsane Senapati Yusak, iya iku: ratu ing Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing Lakhis, lan ratu ing Eglon.
Nabi Samuel banjur dhawuh: “Agag ratu ing Amalek, iku ladekna mrene!” Kathi tatag Prabu Agag tindak murugi panjenengane, amarga osike: “Lah pagirising pati wis kliwat.”