Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:21 - Kitab Sutji

21 wong sabangsa kabeh tumuli padha bali kalawan slamet marang ing ngarsane Senapati Yusak menyang ing palereban ing Makeda, ora ana wong siji-sijia kang wani ngucapake pangancam marang wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:21
5 Iomraidhean Croise  

Nanging marang wong Israel sapa bae, ora ana asu siji-sijia kang wani mbaung, dadia marang manungsa utawa marang kewan, supaya sira padha sumurupa yen Pangeran Yehuwah mbedakake wong Mesir lan wong Israel.


Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Sira padha nganggo gegojegan sapa, sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-ora lan kang sira erang-erang iku? Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela, turuning wong cidra?,


Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, – mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani –


Senapati Yusak banjur ngandika: “Cangkeme guwa iku wengakna, lan ratune lima padha gawanen metu saka ing guwa lan ladekna marang aku mrene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan