Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:20 - Kitab Sutji

20 Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, – mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:20
12 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Sang Abisai: “Ing wektu iki Seba bin Bikri iku tumrap kita luwih mbebayani katimbang karo Absalom, mulane sira bae ngirida balane gustinira, lan wong iku burunen aja nganti mlebu ing kutha beteng temahan mrucut saka ing tangan kita.”


Sang Nata ing Israel uga majeng perang sarta banjur nyirnakake jaran-jaran lan kreta-kreta lan njalari bangeting kalahe wong Aram.


dadine padha banget anggone kaasorake dening Sang Prabu Abia lan sabalane; wong Israel kang mati limang atus ewu, wong pepilihan,


Wartakna ing tanah Yehuda, lan kabarna ing kutha Yerusalem: Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara, nguwuh-uwuha kang seru: “Padha ngumpula, payo padha ngungsi menyang ing kutha-kutha kang santosa!”


Yagene kita kok mung padha lungguhan bae? Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosa lan lebur ana ing kono! Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita, maringi omben-omben racun marang kita, sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.


Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,


Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.


Nanging kowe aja kandheg anggonmu ngoyak-oyak marang mungsuhmu lan pethiting barisane gepuken; aja nganti padha bisa lumebu ing kutha-kuthane, ujer Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngulungake wong-wong iku marang kowe!”


wong sabangsa kabeh tumuli padha bali kalawan slamet marang ing ngarsane Senapati Yusak menyang ing palereban ing Makeda, ora ana wong siji-sijia kang wani ngucapake pangancam marang wong Israel.


Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.


iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat


Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, – anggone padha ngoyak mrono iku – lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan