Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:19 - Kitab Sutji

19 Nanging kowe aja kandheg anggonmu ngoyak-oyak marang mungsuhmu lan pethiting barisane gepuken; aja nganti padha bisa lumebu ing kutha-kuthane, ujer Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngulungake wong-wong iku marang kowe!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:19
8 Iomraidhean Croise  

Lan saupami panjenenganipun mundur mlebet dhateng salah satunggaling kitha, sadaya bala Israel badhe ningseti kitha punika lan saged kita larak dumugi ing lepen, temah boten wonten krikil satunggal kemawon ingkang taksih pinanggih wonten ing ngriku malih.”


Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Sang Abisai: “Ing wektu iki Seba bin Bikri iku tumrap kita luwih mbebayani katimbang karo Absalom, mulane sira bae ngirida balane gustinira, lan wong iku burunen aja nganti mlebu ing kutha beteng temahan mrucut saka ing tangan kita.”


Kenaa ing ipat-ipat wong kang nindakake ayahane Sang Yehuwah kanthi sembrana, lan kenaa ing ipat-ipat wong kang menggak pedhange anggone ngwutahake getih!


Yagene kita kok mung padha lungguhan bae? Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosa lan lebur ana ing kono! Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita, maringi omben-omben racun marang kita, sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.


Senapati Yusak banjur dhawuh: “Cangkeme guwa iku glundungana watu gedhe-gedhe lan ing ngarepe dokokana wong kang jaga.


Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, – mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan