Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:18 - Kitab Sutji

18 Senapati Yusak banjur dhawuh: “Cangkeme guwa iku glundungana watu gedhe-gedhe lan ing ngarepe dokokana wong kang jaga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:18
8 Iomraidhean Croise  

yaiku manawa wong ala dieman samangsa dina bilai, lan diuwalake ing dina bebenduning Allah?


Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa, dumadakan kepethuk karo bruwang, sarta bareng tekan ing omahe, lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake, banjur kacakot ula.


Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika: “Pucuking saka iku gandhenen kang seru supaya undhak-undhakane horeg, padha jugrugna marang sirahe wong akeh, lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia, lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat.


Saundure banjur padha nganakake panjagan lan nyegel watu tutuping pasarean kabantu dening para prajurit mau.


Senapati Yusak banjur diaturi pawarta mangkene: “Ratu gangsal punika sami pinanggih ndhelik wonten ing guwa Makeda.”


Nanging kowe aja kandheg anggonmu ngoyak-oyak marang mungsuhmu lan pethiting barisane gepuken; aja nganti padha bisa lumebu ing kutha-kuthane, ujer Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngulungake wong-wong iku marang kowe!”


Senapati Yusak banjur ngandika: “Cangkeme guwa iku wengakna, lan ratune lima padha gawanen metu saka ing guwa lan ladekna marang aku mrene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan