Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:16 - Kitab Sutji

16 Anadene ratu lima iku mau padha keplajeng sarta ndhelik ana ing guwa Makeda.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:16
17 Iomraidhean Croise  

Pangeran paring pangandika; wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.


Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng, para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.


Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati, astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono; utawa saupama munggaha menyang ing langit, iya bakal Sunandhapake saka ing kono.


Kareben padha ndilat lebu kaya ula, kaya kewan kang gumremet ing bumi; kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris, sarta padha sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allah kita, kalawan gumeter, kalayan ajrih dhateng Paduka.


Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing Gilgal kadherekake bala Israel kabeh.


Senapati Yusak banjur diaturi pawarta mangkene: “Ratu gangsal punika sami pinanggih ndhelik wonten ing guwa Makeda.”


Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang.


Para raja ing bumi lan para panggedhe sarta para prawira, lan para wong sugih sarta para wong kang kuwasa, lan sakehing batur sarta wong mardika padha ndhelik menyang ing guwa-guwa lan ing antarane watu-watu karang ing gunung.


Lan salawase iku wong Midian ngereh wong Israel. Awit saka wedine marang wong Midian, wong Israel padha gawe papan-papan pandhelikan ana ing pagunungan, yaiku guwa-guwa lan beteng-beteng.


Bareng bala Israel weruh, yen kejepit – amarga wong-wong pancen kesuk – wong-wong nuli padha mlayu ndhelik ing guwa, lowahan watu, gunung parang, erong watu lan ing sumur.


Sang Prabu Saul nuli ngumpulake wong pilihan saka sakehing wong Israel cacahe telung ewu, banjur tindak nglari Sang Dawud lan balane ana ing gunung parang Wedhus Alasan.


Lan Sang Dawud nyegah para pandhereke klawan pangandika kang kaya mangkono iku; panjenengane ora nglilani wong-wong iku nempuh nglawan Sang Prabu Saul. Kacarita Sang Prabu Saul wus jumeneng lan nilar guwa iku arep nglajengake tindake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan