14 Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.
Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”
Lah ayang-ayanganing piranti pituduh srengenge gaweane Akhas bakal Sunundurake sapuluh tapak saka kang wus diliwati.” Ing kono piranti mau iya nuli nuduhake mundure srengenge sapuluh tapak saka kang wus dilakoni.
Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”
Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,
Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.
lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.