YUSAK 10:13 - Kitab Sutji13 Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe. Bab iku rak wus tinulisan ana ing Kitabe Wong Jujur? Srengenge mandheg ana ing tengahing langit lan alon-alon angslupe nganti watara sadina muput. Faic an caibideil |
Nalika padha keplayu ana ing ngarepe wong Israel, lagi ana ing ngereng-erenge Bet-Horon, padha diudani watu gedhe-gedhe saka langit dening Sang Yehuwah, nganti tumeka ing Azeka, wekasan padha tiwas. Kang mati ketiban watu iku luwih akeh katimbang karo kang padha dipateni wong Israel kalawan pedhang.
Sang Simson banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti kawula, saha kawula mugi Paduka kiyataken namung sepisan punika kemawon, dhuh Gusti Allah, supados kawula sageda nandukaken piwales dhateng tiyang Filisti, jalaran saking icalipun mripat kawula kalih punika.”