Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:12 - Kitab Sutji

12 Nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang bangsa Israel, Senapati Yusak munjuk marang Sang Yehuwah ing nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang wong Israel; panjenengane banjur ngandika ana ing ngarepe bangsa Israel: “He srengenge, mandhega ana ing dhuwur Gibeon, lan kowe rembulan, ana ing dhuwur lebak Ayalon!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:12
29 Iomraidhean Croise  

Senapati Abner, bin Ner, klawan balane Prabu Isyboset, bin Saul nglurug saka ing Mahanaim menyang ing Gibeon.


Sang Prabu Hizkia ngandika: “Tumrap ayang-ayangan punika langkung gampil mandhap sadasa tapak! Nanging sampun mekaten, ayang-ayanganipun kajengipun mundur sadasa tapak.”


Nabi Yesaya banjur nyebut marang Pangeran Yehuwah, lan Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake ayang-ayangan kang wus mangisor ana ing bencet gaweane Akhas iku banjur bali mundur maneh sepuluh tapak.


Atur wangsulane Nabi Yesaya: “Punika ingkang badhe dados tandhanipun kagem panjenengan dalem saking Pangeran Yehuwah, bilih panjenengan dalem badhe nglampahi punapa ingkang sampun dipun janjekaken: Ayang-ayangan punika badhe majeng sadasa tapak punapa badhe mundur sadasa tapak?”


Rama Beria lan Rama Sema iku padha dadi kepalaning kulawangsa pendhudhuk Ayalon; pendhudhuk ing Gat wus padha dilungakake.


Zora, Ayalon lan Hebron, kang dumunung ana ing Yehuda lan ing Benyamin, padha kadadekake kuta-beteng.


srengenge diwaleri, temah ora mlethek; lintang-lintang dikurung kalawan disegel;


He srengenge lan rembulan, padha saosa puji marang Panjenengane! He sakehing lintang kang gumebyar, padha saosa puji marang Panjenengane!


Ora ana pawarta lan ora ana tembung, ora keprungu swarane,


Rinten punika kagungan Paduka, dalu punika ugi kagungan Paduka, Paduka ingkang mrenahaken pepadhang saha surya.


Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim, tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon, sarta bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku; lan bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku!


Lah ayang-ayanganing piranti pituduh srengenge gaweane Akhas bakal Sunundurake sapuluh tapak saka kang wus diliwati.” Ing kono piranti mau iya nuli nuduhake mundure srengenge sapuluh tapak saka kang wus dilakoni.


Sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau surup lan rembulan kang ora angslup, amarga Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang kang langgeng tumrap sira, tuwin dina-dinane anggonira nandhang susah bakal diuwisi.


Ing sajroning taun iku uga, nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, panuju ing sasi kalima, ing taun kang kaping papate, Nabi Hananya bin Azur, kang asal saka ing Gibeon iku pratela marang aku ana ing padalemane Sang Yehuwah, ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh:


Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor.


“Ing dina iku bakal kelakon,” – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – “srengenge bakal Sundadekake angslup ing wayah awan, sarta bumi Sundamel peteng ing wayah raina.


Nanging Pangeran Yehuwah ana ing padalemane kang suci. He, salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsane!


Surya, rembulan sami kendel ing papan padununganipun, margi saking sunaring jemparing-jemparing Paduka ingkang lumepas, sarta margi saking cumloroting waos Paduka ingkang gumebyar.


He sakehe tumitah! Padha manenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci.


yaiku lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, utawa marang srengenge, rembulan utawa marang sakehe wadya-bala ing langit, kang wus daklarang,


lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.


Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe. Bab iku rak wus tinulisan ana ing Kitabe Wong Jujur? Srengenge mandheg ana ing tengahing langit lan alon-alon angslupe nganti watara sadina muput.


Saalabin, Ayalon, Yitla,


Ayalon sapangonane lan Gat-Rimon sapangonane: kutha papat.


Sang Elon wong Zebulon mau tumuli seda lan kasarekake ana ing Ayalon, ing tanah Zebulon.


Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang, padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.


Nabi Samuel banjur nyebut marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ing dina iku paring gludhug lan udan, temah wong sabangsa kabeh padha wedi marang Sang Yehuwah lan marang Nabi Samuel.


Ing dina iku wong Israel wis ngalahake bangsa Filisti saka ing Mikhmas tutug ing Ayalon. Rakyat wis sayah lan nglentrih banget,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan