Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:11 - Kitab Sutji

11 Nalika padha keplayu ana ing ngarepe wong Israel, lagi ana ing ngereng-erenge Bet-Horon, padha diudani watu gedhe-gedhe saka langit dening Sang Yehuwah, nganti tumeka ing Azeka, wekasan padha tiwas. Kang mati ketiban watu iku luwih akeh katimbang karo kang padha dipateni wong Israel kalawan pedhang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:11
17 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli ngudanake walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumurune udah saka Sang Yehuwah, saka ing langit,


Campuhing perang ngambra-ambra nyrambahi saindenging tlatah lan alas iku nekakake pepati luwih akeh katimbang karo kang mati kamangsa ing pedhang.


Apa sira wus lumebu ing gedhong parawatane salju, sarta apa wus ndeleng parawatane udan krikil,


kang Ingsun simpen kanggo ing dina karubedan, kanggo ing mangsa pacampuhan lan perang?


Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang; angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.


Pangeran nguncalake jendhelan banyu kaya pecahan, sapa bisa tahan ngadeg mbetahake adheme?


Lah Pangeran kagungan sawijining wong kang rosa lan santosa, wong kang kaya prahara kaworan udan krikil, yaiku prahara kang ngrerusak wong kang kaya prahara kaworan udan kang ngedab-edabi lan ngelekake; wong-wong mau bakal kakeplekake ing bumi kalawan rosa.


Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim, tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon, sarta bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku; lan bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku!


Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya, bakal ngatingalake astane kang nempuh kalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis, tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil.


sira kandhaa marang wong kang padha nglabur kalawan gamping mangkene: Udan deres bakal nganakake banjir, bakal ana udan krikil lan angin prahara!


marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.


Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


Sarta ana udan woh gedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langit nibani wong-wong, temahan wong-wong padha nyenyamah marang Gusti Allah marga saka wewelak udan woh iku, awit wewelak iku mau nggegirisi banget.


Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang, padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan