Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:10 - Kitab Sutji

10 Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:10
29 Iomraidhean Croise  

Panah-panah padha linepasake, temah padha pating blesar, yaiku kilat thathit, temah padha buyar kabeh.


kutha Gezer iku banjur disantosani dening Sang Prabu Suleman. – Ana maneh wong nyangga karya kang padha didhawuhi nglumpuk ana ing kutha Bet-Horon Lebak,


Pangeran Yehuwah banjur ngawonake para wong Etiopia iku ana ing ngarsane Sang Prabu Asa lan ing ngarepe Yehuda. Wong Etiopia padha keplayu,


Nanging para wong saka wadya-bala kang didhawuhi mulih dening Sang Prabu Amazia, kang ora diparengake ndherek perang panjenengane, iku padha nempuh kutha-kutha ing Yehuda saka ing Samaria nganti tekan ing Bet-Horon sarta mateni wong kang manggon ing kono telung ewu tuwin ngrampas jarahan akeh.


Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit, Kang Mahaluhur ngulukake swarane.


Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.


Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang? Swiwining manuk dara padha diselut selaka, sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.


para bangsa padha ditundhung saka ing ngarepane umat, tanah pusaka iku diedum-edum nganggo tali ukuran, sarta sakehing talere Israel padha didhawuhi ngenggoni tarub-tarube.


Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim, tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon, sarta bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku; lan bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku!


Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya, bakal ngatingalake astane kang nempuh kalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis, tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil.


nalika wadya-balane ratu ing Babil nempuh perang nglawan Yerusalem lan kekarene kutha-kuthane Yehuda, yaiku Lakhis lan Aseka, amarga panunggalane kutha-kuthane Yehuda mung kari iku kang isih ana balowartine.


Pangeran Yehuwah banjur bakal majeng perang nglawan bangsa-bangsa iku, kaya ing nalika dinaning campuh perang.


Kaya mangkono anggone bangsa-bangsa mau bakal padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan bakal padha dikisruhake babar pisan, nganti padha tumpes kabeh.


Nalika padha keplayu ana ing ngarepe wong Israel, lagi ana ing ngereng-erenge Bet-Horon, padha diudani watu gedhe-gedhe saka langit dening Sang Yehuwah, nganti tumeka ing Azeka, wekasan padha tiwas. Kang mati ketiban watu iku luwih akeh katimbang karo kang padha dipateni wong Israel kalawan pedhang.


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Senapati Yusak banjur klawan ndadak nempuh marang mungsuhe, sawise sawengi muput bidhal saka ing Gilgal.


iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat


ratu ing nagara Makeda siji, ratu ing nagara Betel siji,


Yarmut, Adulam, Sokho, Azeka,


Gederot, Bet-Dagon, Naama lan Makeda: kutha nembelas karo desa-desane.


banjur mudhun mangulon menyang ing tlatahe wong Yaflet, tutug ing tlatah Bet-Horon ing lebak lan sateruse nganti tekan ing Gezer, lan anjog ing segara.


Dene tlatahe bani Efraim miturut gotrahe iku mangkene: tapel-watesing tanah-pusakane iku ing sisih wetan wiwit ing Atarot-Adar tutug ing Bet-Horon ing tengger.


Kibzaim sapangonane lan Bet-Horon sapangonane: kutha papat.


Sang Yehuwah tumuli ngisruhake Sisera lan sakehing karetane tuwin sabalane kabeh ana ing ngarsane Sang Barak kalawan landheping pedhang, temah Senapati Sisera banjur mandhap saka ing karetane, keplajeng kalawan dharat.


Karetane perang lan balane banjur dioyak dening Sang Barak nganti tutug ing Haroset-Hagoyim; balane Sang Sisera kabeh padha nemu tiwas dening landheping pedhang, ora ana kang oncat siji-sijia.


Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang, padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.


Grombolan kang kapindho metu ing Bet-Horon lan grombolan kang sijine maneh metu ing dalan menyang ing tapel-wates kang madhep marang lebak Zeboim, penere pasamunan.


Wong Filisti ngumpulake wadyabala arep nglurug perang; anggone ngumpul ana ing Sokho ing tanah Yehuda lan ngadegake kemah ana ing antarane Sokho lan Azeka ing Efes-Damim.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan