Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:1 - Kitab Sutji

1 Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem midhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:1
10 Iomraidhean Croise  

Anadene Sang Prabu Melkisedhek raja ing Salem, kang jumeneng imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur,


Awitdene Sang Melkisedhek iku ratu ing Salem sarta imame Kang Mahaluhur, kang methukake sarta mberkahi Rama Abraham nalika Rama Abraham kondur saka anggone ngalahake para raja.


Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:


Saisine kutha banjur kalebur kabeh, wong lanang lan wong wadon, bocah lan wong tuwa, dalasan sapi, wedhus lan kuldi, padha katumpes klawan landheping pedhang.


Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”


Bareng Sang Yusak lan wong Israel kabeh weruh yen kuthane wus kena karayud dening baris pendhem lan pegane kutha kumelun, tumuli padha minger lan nggecak wong-wong Ai.


Nanging wong Gibeon bareng padha krungu apa kang katandukake dening Sang Yusak marang Yerikho lan Ai,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan