YUSAK 1:9 - Kitab Sutji9 Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.” Faic an caibideil |
Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.
Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.