Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:7 - Kitab Sutji

7 Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:7
25 Iomraidhean Croise  

“Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang.


Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,


Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge kaya Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ora nyimpang menengen utawa mangiwa.


Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.


Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!”


Panjenengane ngupadi marang Gusti Allah sajege Imam Agung Zakharia, kang mulang muruk marang panjenengane supaya ajrih asih marang Gusti Allah. Lan salawase Sang Prabu ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ndadosake sakehe pambudidayane oleh gawe.


Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”


Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.


Aja menggok mangiwa utawa manengen, sikilmu edohna saka ing piala.


Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran, ing tengah-tengahe lurung kaadilan,


kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”


Yusak nuli ditumpangi astane lan ditedahi kang dadi kawajibane, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


“Mulane padha netepana sakehe angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya kowe padha kaconggaha lumebu lan ngejegi nagara kang kok parani lan bakal kokenggoni,


Kabeh kang dakprentahake marang kowe iku padha lakonana kalawan temen-temen, aja kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi.


apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”


sarta nagarane padha kita rebut, kita wenehake marang wong Ruben, marang wong Gad lan marang separone taler manasye dadi tanah-pusaka.


Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.


Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku.


Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.


Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.


Sawuse Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah seda, tumuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak, bin Nun, abdine Nabi Musa


Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.


Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”


Kabeh dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, abdine, iku dingandikakake Nabi Musa marang Senapati Yusak lan iya mangkono tumindake Senapati Yusak, sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa iku ora ana kang dilirwakake sathithik-thithika.


Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan