Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:6 - Kitab Sutji

6 Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:6
36 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.


Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.


Diteteg atimu lan payo padha nyantosakake atiku kanggo bangsa lan kutha-kuthane Gusti Allah kita. Muga Sang Yehuwah nindakna kang dadi karsane.”


“Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang.


Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.


Wigatekna saiki, sabab Pangeran Yehuwah wus milih sira kakarsakake yasa padaleman kanggo pasucen. Disantosa atinira sarta iku sira lakonana.”


Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.


Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!”


Lah minangka piwales tiyang-tiyang punika sami dhateng tuwin badhe ngesahaken kawula sadaya saking ing tanah pusaka ingkang sampun Paduka warisaken dhumateng kawula sadaya.


Punapa Paduka sanes Gusti Allah kawula sadaya ingkang nundhungi para tiyang ingkang sami manggen ing tanah ngriki saking ing ngajenging umat Paduka Israel saha lajeng maringaken tanah wau dhateng tedhakipun Eyang Abraham mitra Paduka, kangge ing salami-laminipun?


Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah! Padha dipanggah lan ditatag atimu! Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!


kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”


Sapa panunggalanira kang isih menangi nalika padaleman iki kadunungan kamulyan? Lan kapriye katone marang sira saiki, rak dudu apa-apa ing sapandelengira?


Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Padha kuwatna atinira, he, para wong kang sasuwene iki padha krungu pangandika kang dilairake dening para nabi iki, wiwit nalika masang tetalesing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, nalika Padaleman Suci kaadegake.


“Taler-taler iku padha kawenehana panduman tanah miturut jeneng-jeneng kang kacathetan, dadia pusakane.


Tanahe padha sira ejegana lan sira enggonana, awitdene sira kang padha Sunparingi tanah iku supaya dadi darbekira.


Padha meleka! Dibakuh ing pangandel! Dipadha lanang, disantosa!


Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.


Wruhanamu, Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngulungake nagara iku marang kowe; padha lurugana lan ejegana, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu. Aja padha wedi lan aja giris.


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


“Mulane padha netepana sakehe angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya kowe padha kaconggaha lumebu lan ngejegi nagara kang kok parani lan bakal kokenggoni,


Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”


Mulane, he anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Gusti Kristus Yesus.


Sok sintena ingkang mbangkang dhateng dhawuh panjenengan, sarta boten manut dhateng dhawuh panjenengan ing bab samukawis ingkang panjenengan prentahaken punika, punika kadhawahana paukuman pejah. Namung panjenengan mugi ingkang teguh tuwin tatag ing panggalih.”


Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.


Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”


Senapati Yusak banjur ngandika maneh: “Aja padha wedi lan aja kekes atimu, padha disantosa lan diteguh atimu, amarga kaya mangkene iki bakal pandamele Sang Yehuwah marang sakehe mungsuhmu kang padha koklawan perang.”


sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.


Senapati Yusak banjur ngandika marang Banisrael: “Pira lawase anggonmu padha ngenak-enak lan ora tumandang ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahe leluhurmu?


Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.


Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;


He wong Filisti, ditatag atimu lan dilanang, supaya ora dadi kawulane bangsa Ibrani iku, kaya dene anggone wong-wong iku biyen padha ngawula marang kowe. Tandangmu dilanang lan mangsaha perang!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan