Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:5 - Kitab Sutji

5 Sajegira urip bakal ora ana wong, kang bisa lestari ana ing ngarepira; kaya anggoningSun nunggil karo Musa, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nunggil karo sira. Sira ora bakal Suntegakake lan Suntilar.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:5
34 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau.


Kadosdene anggenipun Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan gusti kawula Sang Prabu, makaten ugi Panjenenganipun inggih nunggila kaliyan Sang Prabu Suleman; mugi Panjenenganipun karsaa damel dhamparipun Sang Prabu Suleman langkung ageng tinimbang dhamparipun Sang Prabu Dawud.”


Lan manawa sira ngrungokake marang kang Sundhawuhake kabeh marang sira lan lumaku ing dalan kang Suntedahake sarta nindakake apa kang bener ana ing paningalingSun kalawan tansah nglakoni sakehe katetepan lan dhawuhingSun kayadene kang wus katindakake dening abdiningSun Dawud, Ingsun nganthi marang sira tuwin bakal maringi marang sira turun kang santosa kaya kang wus Sunparingake marang Dawud, lan Ingsun bakal maringake wong Israel marang sira.


yaiku manawa Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe wong Israel lan ora bakal nilar umatingSun Israel.”


Pangeran Yehuwah Allah kita, muga karsaa nunggil kalawan kita, kayadene wus nunggil kalawan leluhur kita, muga Panjenengane aja nganti nilar kita lan aja nganti negakake kita,


Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.


“Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!”


Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”


Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.


Aja sira wedi marang wong-wong iku, amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”


satemah ratu kang nempuh bakal tumindak sawenang-wenang, lan ora ana wong siji-sijia kang bisa nandhingi; iku bakal ngejegi Tanah Endah, lan bakal dikwasani babar pisan.


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.


“Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.


marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.


Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.


Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes.


nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.


Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


Kados anggen kula sami manut-miturut dhateng Nabi Musa bab samukawis, mekaten ugi kula sami manut-miturut dhateng panjenengan; namung kemawon, mugi-mugi Pangeran Yehuwah Gusti Allah panjenengan karsaa nunggil kaliyan panjenengan sami kados dene anggenipun nunggil kaliyan Nabi Musa.


Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”


Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Yusak: “Sira aja wedi marang wong iku, uger iku wus padha Sunulungake ing tanganira, temah ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepira.”


Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.


Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.


Anadene Sang Yehuwah nunggil karo Senapati Yusak, sarta pawartane banjur kawentar ana ing sawratane negara kono.


Saben-saben manawa Sang Yehuwah njumenengake hakim ana ing antarane, Sang Yehuwah banjur nunggil karo hakim itu sarta ngluwari umate saka ing tanganing mungsuhe, salawase sugenge hakim mau, amarga Sang Yehuwah welas midhangetake pasambate, kang awit saka wong kang padha gawe rupeke lan nindhes.


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Gidheon: “Nanging Ingsun iki bakal nunggil karo sira, mulane sira bakal nggepuk ngesorake wong Midian, nganti tapis.”


Samangsa kowe katekan pratandha iki, lakonana apa bae kang tinemu dening tanganmu, amarga Gusti Allah nunggil karo kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan