Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:4 - Kitab Sutji

4 Wiwit ing ara-ara samun lan ing gunung Libanon ing sisih kana tutug ing bengawan gedhe, yaiku bengawan Efrat, satlatahe wong Het kabeh lan tutug ing Segara Gedhe ing panggonan suruping srengenge, kabeh iku bakal dadi wewengkonira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:4
12 Iomraidhean Croise  

Kreta kang saka ing Misraim iki siji nganti rega nem atus sekel salaka, dene jaran nganti rega satus seket sekel; iku mau kabeh uga dikirimake marang sakehe para ratune bangsa Het lan para ratu ing tanah Aram lan iya lumantar para sudagar iku.


Sang Prabu Suleman ngwaosi sakehing karajan wiwit saka bengawan Efrat nganti tekan ing nagarane wong Filisti lan nganti tekan ing tapel-watese tanah Mesir. Iku padha ngaturake bulu-bekti lan tetep teluk marang Sang Prabu Suleman ing sajege sugenge.


Sabanjure Sang Prabu Dawud ngawonake Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, ana ing sacedhake Hamat, nalika pinuju tindak arep ngiyatake pangwaose ing bengawan Efrat.


Lan ing sisih wetan wilayahe nganti tekan ing pinggire pasamunan, kang gumelar wiwit saka ing bengawan Efrat, amarga raja-kayane wus wuwuh akeh ana ing tanah Gilead.


Karodene ing Yerusalem kono dhek biyen tau ana ratu-ratune kang kwasa, kang padha ngereh satlatah sabrange bengawan Efrat, sarta panjenengane iku kang padha disaosi pajeg, bulubekti lan beya.


Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.


padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.


Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.


Mugi kawula kelilana nyabrang ningali nagari ingkang sae wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih tanah pareden ingkang sae punika, saha pareden Libanon.


Kang dhawuh marang malaekat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkene: “Malaekat papat kang padha kabanda ana ing sacedhake bengawan Efrat iku uculana.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan