Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:2 - Kitab Sutji

2 mangkene: “AbdiningSun Musa wus mati, mulane ing samengko sira mangkata nyabrang ing kali Yarden iki, sira dalah sabangsa iki kabeh, menyanga ing tanah kang bakal Sunparingake marang wong-wong iku, yaiku marang wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:2
13 Iomraidhean Croise  

Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”


Turunipun Paduka tangkar-tangkaraken, cacahipun kados lintang ing langit, saha Paduka irid dhateng ing tanah, ingkang Paduka dhawuhaken dhateng para leluhuripun, supados dipun lebeti saha dipun ejegi.


Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”


Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.


ora kaya mangkono mungguh abdiningSun Musa, iku tumemen ana ing sapadalemaningSun kabeh,


Lan sira prentaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atine, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakune bangsa iki, iya dheweke iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbeni nagara kang bakal sira deleng iku.


Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku.


Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah banjur seda ana ing kono, ing tanah Moab, miturut pangandikane Pangeran Yehuwah.


Sawuse Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah seda, tumuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak, bin Nun, abdine Nabi Musa


“Kowe padha midera ing pakemahan lan wong-wong padha prentahana mangkene: Padha cawisna sangumu, amarga ing sajroning telung dina kowe bakal padha nyabrang ing bengawan Yarden iki, lan banjur ngejegi nagara kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe dadi darbekmu!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan