Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:17 - Kitab Sutji

17 Kados anggen kula sami manut-miturut dhateng Nabi Musa bab samukawis, mekaten ugi kula sami manut-miturut dhateng panjenengan; namung kemawon, mugi-mugi Pangeran Yehuwah Gusti Allah panjenengan karsaa nunggil kaliyan panjenengan sami kados dene anggenipun nunggil kaliyan Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:17
19 Iomraidhean Croise  

Abdi dalem ugi manah: Pangandikane gustiku Sang Prabu mesthi ngayemake atiku, amargi gusti kawula Sang Prabu punika kados malaekatipun Gusti Allah, kados makaten gusti kawula Sang Prabu, ingkang saged milah-milahaken pundi ingkang sae saha pundi ingkang awon. Lan Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem mugi nunggila kaliyan gusti kawula.”


Kadosdene anggenipun Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan gusti kawula Sang Prabu, makaten ugi Panjenenganipun inggih nunggila kaliyan Sang Prabu Suleman; mugi Panjenenganipun karsaa damel dhamparipun Sang Prabu Suleman langkung ageng tinimbang dhamparipun Sang Prabu Dawud.”


Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.


Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban, sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. (Selah)


Wong iku padha ambruk, padha tiba, nanging aku padha ngadeg jejeg.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira ngajaka Yusak bin Nun, wong kang kapenuhan ing roh, sira tumpangana tanganira,


apadene sira wenehana kawibawanira saperangan, supaya disuyudi dening sapasamuwane wong Israel kabeh.


Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.”


Anadene Sang Yusak bin Nun iku kapenuhan ing rohing kawicaksanan, marga wus ditumpangi asta dening Nabi Musa, mulane wong Israel padha manut marang Sang Yusak, sarta netepi dhawuhe Pangeran Yehuwah kang wus diprentahake dening Nabi Musa.


Wong mau tumuli padha matur marang Senapati Yusak, mangkene: “Punapa sadhawuh panjenengan dhateng kula, badhe kula estokaken sarta dhateng pundi-pundia kemawon anggen panjenengan badhe ngutus, kula badhe sami mangkat.


Sok sintena ingkang mbangkang dhateng dhawuh panjenengan, sarta boten manut dhateng dhawuh panjenengan ing bab samukawis ingkang panjenengan prentahaken punika, punika kadhawahana paukuman pejah. Namung panjenengan mugi ingkang teguh tuwin tatag ing panggalih.”


Sajegira urip bakal ora ana wong, kang bisa lestari ana ing ngarepira; kaya anggoningSun nunggil karo Musa, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nunggil karo sira. Sira ora bakal Suntegakake lan Suntilar.


Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”


Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.


Dawud matur maneh: “Sang Yehuwah, ingkang sampun ngluwari kawula saking cengkeremanipun singa utawi bruwang punika, Panjenenganipun ugi badhe ngluwari kawula saking tanganipun tiyang Filisti punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Iya wis mangkata! Sang Yehuwah muga nganthia lakunira.”


Wangsul manawi rama ngersakaken supados panjenengan manggih bilai, mugi Sang Yehuwah maringana paukuman dhateng Yonatan, malah nglangkungana punika, manawi kula boten matur dhateng panjenengan lan nglilani panjenengan tindak, supados panjenengan saged tindak kanthi wilujeng. Mugi-mugi Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan kados dene anggenipun nunggil kaliyan kanjeng rama kala rumiyin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan