YUSAK 1:16 - Kitab Sutji16 Wong mau tumuli padha matur marang Senapati Yusak, mangkene: “Punapa sadhawuh panjenengan dhateng kula, badhe kula estokaken sarta dhateng pundi-pundia kemawon anggen panjenengan badhe ngutus, kula badhe sami mangkat. Faic an caibideil |
Panjenengan kula aturi sowan nyelak saha midhangetaken sadaya ingkang badhe kadhawuhaken dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saha panjenengan ingkang nglajengaken dhateng kula, sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kula lampahi.
nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”