Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:14 - Kitab Sutji

14 Wong wadon lan anakmu kang isih cilik ing antaramu apadene raja-kayamu padha kena keri ana ing tanah peparinge Nabi Musa marang kowe ana ing sabrangane bengawan Yarden; nanging kowe, para prawira lan kang gagah prakosa padha nyabranga ana ing ngarepe para sadulurmu kalawan sikep gegaman, iku padha biyantonana,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:14
9 Iomraidhean Croise  

Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.


Anak semah kula kaliyan raja-kaya kula saha kewan gadhahan kula sadaya badhe kantun wonten ing ngriki, ing kitha-kithanipun tanah Gilead,


Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.


mung somah lan anak-anakmu kang isih bocah sarta raja-kayamu, – aku sumurup yen raja-kayamu akeh –, iku padha tinggalen ana ing kutha-kutha kang wus dakwenehake marang kowe;


Gad milih bagean kang becik dhewe, marga ana ing kono panyimpene bageane para senapati: nuli nekani para panggedhene bangsa iku; sarta nindakake kaleresane Sang Yehuwah apadene pangadilane bebarengan karo wong Israel.”


“Kowe padha ngelingana marang dhawuh piwelinge Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang kowe yaiku: Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngganjar katentreman marang kowe lan maringi tanah iki:


nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”


Uga wong bani Ruben lan bani Gad lan saparoning bani Manasye padha nyabrang kalawan asikep gegaman ana ing ngarepe wong Israel, ngetrepi apa kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa marang wong-wong mau.


Dene wong wadon mau nganggo jarit wungu lan jingga, sarta nganggo pasren mas, sesotya tuwin mutyara, tangane nyekel tuwung mas kang kebak isi sakehing barang kang saru lan jejembering laku jina.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan