YUSAK 1:13 - Kitab Sutji13 “Kowe padha ngelingana marang dhawuh piwelinge Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang kowe yaiku: Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngganjar katentreman marang kowe lan maringi tanah iki: Faic an caibideil |
Wong wadon lan anakmu kang isih cilik ing antaramu apadene raja-kayamu padha kena keri ana ing tanah peparinge Nabi Musa marang kowe ana ing sabrangane bengawan Yarden; nanging kowe, para prawira lan kang gagah prakosa padha nyabranga ana ing ngarepe para sadulurmu kalawan sikep gegaman, iku padha biyantonana,