Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 1:11 - Kitab Sutji

11 “Kowe padha midera ing pakemahan lan wong-wong padha prentahana mangkene: Padha cawisna sangumu, amarga ing sajroning telung dina kowe bakal padha nyabrang ing bengawan Yarden iki, lan banjur ngejegi nagara kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe dadi darbekmu!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 1:11
9 Iomraidhean Croise  

“Sira balia lan matura marang Hizkia, ratuning umatingSun: Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira; ing dina kang katelu sira bakal lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah.


Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.


Sawuse rong dina kita bakal diuripake maneh, ing dina katelune ditangekake, dadi kita bakal urip ana ing ngarsane.


Sadhela engkas kowe bakal padha nyabrang ing bengawan Yarden, lumebu lan ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe; dene samangsa nagara iku wus kelakon padha kokenggoni lan kokebeki,


Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;


“He wong Israel, rungokna. Saiki kowe bakal nyabrang bengawan Yarden, arep lumebu sarta ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang cacahe lan kakuwatane ngungkuli kowe, yaiku kang kutha-kuthane gedhe lan mawa balowarti kang dhuwure nganti sundhul ing langit;


Senapati Yusak banjur prentah marang para tetindhihing bala, dhawuhe:


mangkene: “AbdiningSun Musa wus mati, mulane ing samengko sira mangkata nyabrang ing kali Yarden iki, sira dalah sabangsa iki kabeh, menyanga ing tanah kang bakal Sunparingake marang wong-wong iku, yaiku marang wong Israel.


Sawuse antara telung dina para tetindhihing wadya-bala banjur padha mider-mider ing sakehing pakemahan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan