YUSAK 1:1 - Kitab Sutji1 Sawuse Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah seda, tumuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak, bin Nun, abdine Nabi Musa Faic an caibideil |
Nanging Sang Prabu Yosafat tumuli ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten nabining Pangeran Yehuwah, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedah dhateng Pangeran Yehuwah?” Banjur ana sawijining punggawaning ratu ing Israel kang munjuk: “Ing ngriki wonten Nabi Elisa bin Safat, ingkang kala rumiyin ngladosi Nabi Elia.”
Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.
nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”