Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 4:9 - Kitab Sutji

9 Ing kono pangandikane Gusti Allah marang Nabi Yunus: “Anggonira nepsoni wit jarak iku apa wis sabenere?” Unjuke Nabi Yunus: “Inggih sampun saleresipun kemawon anggen kawula nepsu ngantos dumugi pejah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 4:9
13 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Akhab nuli kondur ngedhaton kalawan panggalih rengu lan mendhekel marga saka ature Nabot, wong Yizreel mau marang panjenengane: “Warisan saking para leluhur kawula punika boten badhe kawula caosaken ing ngarsa dalem.” Sang Prabu banjur leyeh-leyeh ing pasareane kalawan ungkeb-ungkeb sarta ora karsa dhahar.


Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu, apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?


panasing ati aja nganti mbujuk kowe supaya memada, lan gedhening panebus aja nganti nasarake kowe.


Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe, sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.


Lelakon kang kaya mangkono iku ndadekake pegeling panggalihe Nabi Yunus, banjur tuwuh dukane.


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sira ngeman marang wit jarak, kang dudu rumatanira lan iya dudu sira kang nukulake iku, kang thukule sajrone sawengi lan alume iya sajrone sawengi.


Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.”


Nuli ngandika marang sakabate katelu mau: “AtiKu sedhih banget, rasane kaya arep mati. Padha anaa ing kene, Aku rewangana melek.”


Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.


Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kapengin mati, ananging padha kaoncatan ing pati.


Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan