pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”
Wite anggur wus garing lan wite anjir wus alum, mangkono uga wite delima, wite kurma lan wite apel, sarupane wit ing ara-ara wus padha garing. Sanyata, kabungahan sirna oncat saka para anaking manungsa.
Pangeran Yehuwah banjur nukulake wit jarak, kang ngungkuli mustakane Nabi Yunus, satemah bisa ngeyubi lan dadi panglipuring dukane. Nabi Yunus remen banget marga saka anane wit jarak mau.