Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 4:5 - Kitab Sutji

5 Nabi Yunus wus medal saka ing kutha kono lan manggen ana ing sawetane. Ana ing kono damel gubug, sarta ngaub ing kono ngiras ngentosi kapriye bakal kadadeane kutha iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 4:5
10 Iomraidhean Croise  

Bareng Nabi Elia mireng iku, pasuryane banjur ditutupi kalawan ageme jubah sarta nuli miyos lan jumeneng ana ing lawanganing guwa. Banjur mireng swara kang ngandika marang panjenengane: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”


Bareng ana ing kono panjenengane banjur lumebet ing guwa lan nyare ana ing kono. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”


Ingsun duka marga saka durakaning srakahe, banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka, nanging dheweke banjur murtad, lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine.


Nanging samangsa kawula mosik: “Aku emoh ngelingi Panjenengane lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”, ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar ingkang pinepetan wonten ing balung kawula, kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken, nanging boten kuwawi.


Para awak-awaking prau padha kataman giris, kabeh padha sesambat marang allahe dhewe-dhewe, sarta momotan kang ana ing prau padha dibuwangi ing sagara supaya praune dadi entheng. Nanging Nabi Yunus iku wus mandhap menyang ing peranganing prau kang ngisor dhewe lan banjur sarean, wasana sare kepatos.


Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?”


Pangeran Yehuwah banjur nukulake wit jarak, kang ngungkuli mustakane Nabi Yunus, satemah bisa ngeyubi lan dadi panglipuring dukane. Nabi Yunus remen banget marga saka anane wit jarak mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan