YUNUS 4:4 - Kitab Sutji4 Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?” Faic an caibideil |
Sang Prabu Akhab nuli kondur ngedhaton kalawan panggalih rengu lan mendhekel marga saka ature Nabot, wong Yizreel mau marang panjenengane: “Warisan saking para leluhur kawula punika boten badhe kawula caosaken ing ngarsa dalem.” Sang Prabu banjur leyeh-leyeh ing pasareane kalawan ungkeb-ungkeb sarta ora karsa dhahar.