Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 4:3 - Kitab Sutji

3 Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 4:3
14 Iomraidhean Croise  

Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepengin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.”


Jeneng kang arum iku luwih becik katimbang karo lenga kang larang, lan dinaning ngajal iku luwih becik tinimbang karo dina kalairan.


Aja age-age nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumengket ing atine wong gemblung.


Nanging sakehe kekarene wong kang ala iku bakal luwih seneng mati katimbang urip ana ing sadhengah panggonan, kang Sunagem mbuyarake wong-wong iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.


Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?”


Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.”


Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”


sarta padha nglawan marang Musa, ature: “Bok kula inggih sami katuta pejah nalika sadherek kula sami apegat nyawa wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah.


Nanging aku, ora tau migunakake wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabeh iki, ora supaya aku ditanggapana mangkono uga. Sabab aku milaur mati katimbang karo…! Temenan, gumunggungku iki ora bisa dibatalake dening sapa bae!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan