Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 4:2 - Kitab Sutji

2 Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 4:2
24 Iomraidhean Croise  

Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepengin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.”


Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih, gedhe sabare lan luber sih-susetyane;


Pangeran Yehuwah punika ambek asih sarta welasan, sabar sanget saha ageng sanget sih-kadarmanipun.


Tujune Panjenengane iku asipat welasan, karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate; malah kerep ngampah bebendune, sarta ora nggigah dedukane kabeh.


Nanging Paduka punika, dhuh Pangeran, Allah ingkang ambek welasan saha asih, agung kasabaran Paduka saha luber sih tuwin kasetyan Paduka.


Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, – ngantos benjing punapa? – saha mugi karsaa melasi dhateng para abdi Paduka.


Ing kono Pangeran Yehuwah apiduwung ing bab bilai kang wus karancang bakal katandukake marang umate.


Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawula lan kawula sampun purun kaarih-arih; Paduka punika rosa sanget tumrap kawula, Paduka nunten nelukaken kawula. Kawula dados gegujengan sadinten muput, sadayanipun sami moyoki kawula.


Milanipun sami kula aturi ngewahi tindak-tanduk tuwin pandamel panjenengan, saha sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, temah Sang Yehuwah lajeng keduwung ing bab bilai ingkang dipun rancang tumrap panjenengan.


Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.


Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung ing bab iku, pangandikane: “Iku bakal ora kelakon.”


Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung, pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.”


Nanging Nabi Yunus banjur tata-tata arep mlajeng menyang Tarsis adoh saka ing pangayunane Pangeran Yehuwah; nuli tindak menyang ing Yafo; ing kono ana kapal, kang arep mangkat menyang Tarsis; sawuse mbayar wragadinng laku, banjur minggah ing prau, bebarengan karo wong-wong kang menyang Tarsis, adoh saka ing pangayunane Sang Yehuwah.


Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.


Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”


Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?


Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan