10 Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sira ngeman marang wit jarak, kang dudu rumatanira lan iya dudu sira kang nukulake iku, kang thukule sajrone sawengi lan alume iya sajrone sawengi.
Anak kang umur wolung dina iku katetakana, yaiku saben anak lanang ing antaranira nganti turun-tumurun, dalah kang dudu turunira kang lair ana ing omahira utawa kang dituku sarana dhuwit saka sadhengah bangsa.
Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?”
Ing kono pangandikane Gusti Allah marang Nabi Yunus: “Anggonira nepsoni wit jarak iku apa wis sabenere?” Unjuke Nabi Yunus: “Inggih sampun saleresipun kemawon anggen kawula nepsu ngantos dumugi pejah.”
Awitdene, sanyata salawase anake Isai isih urip ana ing lumahing bumi, sira lan kaprabonira ora bakal santosa. Lan saiki utusana wong nimbali lan ngirid Dawud marang ing ngarsaningsun, amarga wong iku kudu mati.”