YUNUS 3:9 - Kitab Sutji9 Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.” Faic an caibideil |
Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”
Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.
Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.