YUNUS 3:8 - Kitab Sutji8 Manungsa lan sato-kewan kudu padha manganggo bagor, sarta banjur padha sambat-sambata marang Gusti Allah, karo siji-sijine padha mratobata, ninggala pokale kang ala lan mbuwanga tindak panganiaya kang dilakoni. Faic an caibideil |
Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!
Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?
Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”
Ing kono banjur padha nyebut marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi-mugi kawula sampun ngantos tiwas pejah margi saking nyawanipun tiyang punika, punapadene sampun ngantos Paduka nempahaken bab punika dhateng kawula sadaya, rah ingkang resik, awitdene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun nindakaken punapa ingkang Paduka karsakaken.”
Nanging ing sakawit kawula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Dhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudea sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapadene lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.