6 Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu.
Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan.
Sira matura marang Sang Prabu lan Sang Prameswari Ibu mangkene: “Kawula aturi lenggah ing papan ingkang andhap piyambak, amargi makuthaning kaluhuran paduka sampun rentah saking mastaka paduka!”
He putrining bangsaku, padha manganggoa sandhangan bagor lan gulunga ana ing lebu! Nandhanga sedhih kaya nangisi anak ontang-anting, nangisa kalawan susah sedhih. Amarga kang gawe pepati bakal teka kalawan ndadak lan nempuh marang sira.
Para tuwa-tuwane putri Sion, padha nglosod ana ing lemah, padha nguwur-uwuri awu ing sirahe lan manganggo bagor. Para prawan ing Yerusalem, padha tumungkul konjem ing bumi.
Sakehing ratu ing pinggiring samodra bakal seleh keprabon lan nyingkirake jubah-jubahing karajane lan nyelehake sandhangane kang manca warna; bakal kalimputan ing rasa gumeter sarta bakal padha nglosod ana ing lemah; bakal tansah gumeter tuwin kaget sumurup sira.
“Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat lan manganggo bagor sarta awu.
“Bilai kowe kutha Khorazim! Bilai kowe kutha Betsaida! Amarga saupama ing kutha Tirus lan ing kutha Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.