Bareng Sang Prabu Hizkia midhanget kang mangkono iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan mangagem bagor lan banjur lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah.
Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.
Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.
Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”
Dene nalika ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasanga, diundhangake puwasa ana ing ngarsane Sang Yehuwah tumrap sakehing wong ing Yerusalem lan rakyat kabeh kang teka ing Yerusalem saka ing kutha-kutha Yehuda.
Sakehing prawiraning wadya-bala, kalebu Sang Yohanan bin Kareah lan Sang Azarya bin Hosaya, dalah rakyat kabeh, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe nuli padha sowan,
Nabi Yeremia nuli nimbali Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala, kang padha ndherek, tuwin rakyat kabeh kang cilik tumeka kang gedhe.
Padha ngundhangna puwasa kang suci, nganakna parepatan agung, nglumpukna para tuwa-tuwa, dalah sakehe wong isine nagara ana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmu lan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah.
Atas saka dhawuhe Sang Prabu lan para panggedhene, banjur kaundhangake lan kadhawuhake ana ing Niniwe mangkene: “Manungsa lan sato-kewan, iya sapi lan wedhus, aja ana kang mangan apa-apa, aja ana kang diengon, sarta aja ana kang ngombe banyu.
Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sawise ngrungokake piwulange Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Yunus.
Besuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwe bakal padha tangi bebarengan karo jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwe iku bareng ngrungokake pituture Nabi Yunus banjur padha mratobat, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”
Milanipun dipun tatag kemawon panggalih panjenengan, para sadherek! Awit kula pitados dhateng Gusti Allah, bilih sadaya tamtu badhe kalampahan, kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula wau.
Marga saka pracaya Rama Nuh – kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan – kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.