Ing nalika samana Sang Prabu Hizkia kecandhak gerah nganti meh seda. Nabi Yesaya bin Amos nuli sowan lan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aweha piweling kang wekasan marang brayatira, awit sira bakal mati, ora bakal waras maneh.”
Umurira bakal Sunwewahi limalas taun sarta sira lan kutha iki bakal Sunuwalake saka ing tangane ratu ing Asyur. Kutha iki bakal Sunpageri, marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”
Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!
Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.
Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.
Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sawise ngrungokake piwulange Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Yunus.
Sabab kayadene Nabi Yunus anggone dadi pratandha tumrap wong-wong ing kutha Niniwe, samono uga Putraning Manungsa iya bakal dadi pratandha tumrap jinis iki.
Besuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwe bakal padha tangi bebarengan karo jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwe iku bareng ngrungokake pituture Nabi Yunus banjur padha mratobat, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”
Iku mangkene: Endi kang diucapake dening nabi atas asmane Sang Yehuwah, mangka tembunge iku ora kelakon lan ora netes, iku pitutur kang dudu dhawuhe Pangeran Yehuwah; nabi mau kuwanenen anggone ngucapake, aja wedi karo wong kang kaya mangkono iku.”