Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 3:10 - Kitab Sutji

10 Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 3:10
18 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah uga ngutus malaekat menyang ing Yerusalem supaya nganakake pepati, nanging bareng arep tumindak, Pangeran Yehuwah mirsani bab iku temah banjur apiduwung dene arsa ndhatengake kasangsaran iku, wasana banjur ngandika marang malaekating pepati mau: “Wus cukup! Saiki tanganira sira undurna!” Ing nalika iku Malaekate Pangeran Yehuwah lagi jumeneng ana ing sacedhake panutone Ornan, wong Yebus.


Ing kono Pangeran Yehuwah apiduwung ing bab bilai kang wus karancang bakal katandukake marang umate.


Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja, nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.


Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!


Terkadhang ana dhawuhingSun tumrap ing sawijining bangsa utawa karajan, manawa Ingsun karsa mbedhol, mbubrah lan mbengkas iku.


Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.


Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.”


Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.


Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.


Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung ing bab iku, pangandikane: “Iku bakal ora kelakon.”


Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung, pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.”


Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?”


Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.


Besuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwe bakal padha tangi bebarengan karo jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwe iku bareng ngrungokake pituture Nabi Yunus banjur padha mratobat, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”


Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan