YUNUS 2:9 - Kitab Sutji9 Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi kawula, badhe kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!” Faic an caibideil |
bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon, swaraning wong kang padha ngucapake: Ngaturna puji panuwun marang Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, amarga Sang Yehuwah iku asih-darma, sih-susetyane iku langgeng ing salawase!, karo ngaturake kurban panuwun ana ing padalemane Sang Yehuwah. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane nagara iki kaya ing maune. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.