Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 2:8 - Kitab Sutji

8 Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punika sami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 2:8
11 Iomraidhean Croise  

Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.


Manawi manah kawula nglentrih, Paduka nguningani lampah kawula. Wonten ing margi ingkang kawula ambah, tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan.


Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka; dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.


Nanging kawula, kawula ndedonga dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, ing wekdal Paduka karenan ing panggalih, dhuh Allah; demi sih-piwelas Paduka ingkang agung, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, kanthi pitulungan Paduka ingkang setya!


Brahala iku kabeh bodho lan gemblung, piwulange dewa iku tanpa guna, awit iku mung kayu walaka.


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho: padha nyingkur Ingsun, kang dadi tuking banyu urip, nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe, yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.


He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna! He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.


Aja nyleweng ngetutake dewa kang tanpa guna, lan ora ana paedahe, sarta kang ora bisa mitulungi kowe, amarga kabeh iku ora ana nyatane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan