Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 2:7 - Kitab Sutji

7 Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman Paduka ingkang suci.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 2:7
23 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono para imam Lewi padha ngadeg lan mberkahi rakyat. Swarane kapiyarsakake dening Pangeran Yehuwah lan pandongane sumengka marang ing padalemane kang suci ing swarga.


Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci; Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga; tingale maspadakake, kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.


Pangadhuhku dakesokake ana ing ngarsane, karubedanku dakaturake marang Panjenengane.


Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina, kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka, kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka.


Aku digubed ing jireting teleng palimengan, kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.


Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi, lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.


anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.


Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah ana ing bumining wong urip!


Tiyang ingkang nenacad kawula punika, kados nuwek-nuweka balung kawula, sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten: “Allahmu ana ing ngendi?”


Iki bakal dakeling-eling, sajrone nyawaku sedhih lan lesu: sarehne wonge akeh banget kapriye bisaku maju ndhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allah kalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun, ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.


Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!


amargi kalepatan. Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula, Paduka ingkang nglebur.


Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula; Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan. Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawula ngantos tebih saking ing ngarsa Paduka.


Sapa panunggalanira kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah lan ngrungokake swaraning Abdine? Manawa dumunung ing pepeteng lan ora kasorotan ing cahya, cikben pracaya marang asmane Sang Yehuwah tuwin sumendhe marang Gusti Allahe!


Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.


He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna! He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.


Nanging Pangeran Yehuwah ana ing padalemane kang suci. He, salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsane!


Padha tansah elinga marang Panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa kang nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti padha lesu sarta semplah.


Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan