Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 2:6 - Kitab Sutji

6 wonten ing dhasaring redi-redi. Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi; kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun; ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 2:6
25 Iomraidhean Croise  

ing kono Gusti Allah bakal paring kawelasan pangandikane: Uculna wong iku, supaya aja nganti mudhun marang ing kubur, Ingsun wus oleh panebus.


Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur, lan uripku bakal weruh pepadhang.


Paduka krukub kaliyan samodra agung, toyanipun minggah ngungkuli redi-redi.


minggah ing redi, mandhap ing lebak, dhateng panggenan ingkang sampun Paduka temtokaken tumrap toya wau.


Aku digubed ing talining pati, sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati, tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, semangat kawula sampun telas! Paduka mugi sampun nyingidaken wadana Paduka saking kawula, ngantos kawula kados tiyang-tiyang ingkang sami mandhap dhateng ing kubur.


Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.


Aku tinalikung ing tetalining pati, sarta tinempuh ing banjiring karusakan.


Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka, lajeng Paduka sarasaken.


Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:


Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah kowe mesthi direksa! Pangeran ora marengake, yen wong mursid gloyoran ing salawase.


Dhuh Allah Pamarta kawula, Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi, dalasan pulo ingkang tebih-tebih; kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sanget saha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.


Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pitulungi, awit toyanipun sampun minggah dumugi ing gulu kawula.


Aku iki wus kandha: Umurku lagi separo aku kok kepeksa kudu lunga; ing saluwihe umurku iku aku katimbalan menyang ing gapuraning jagade wong mati.


Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula; Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan. Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawula ngantos tebih saking ing ngarsa Paduka.


Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epeke sarta ngukur langit nganggo kilanane, naker lebuning bumi nganggo takeran, nimbang gunung-gunung nganggo timbangan, utawa tengger-tengger nganggo traju?


Ingsun bakal ngudhunake sira, supaya sira bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, menyang ing panggonane bangsa dhek jaman kuna, sarta Ingsun bakal mapanake sira ana ing bumi kang ngisor dhewe kayadene reruntuhan ing jaman kuna, bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, supaya sira aja dienggoni ing wong maneh, lan aja jumedhul maneh ana ing tanahe wong urip.


Kabeh iki kelakone supaya sakehing wit-witan ing sapinggiring banyu aja padha ngunggul-unggulake dhiri lan pucuke aja nganti kasundhulake ing langit sarta supaya wit-witan kang gedhe, yaiku kabeh kang nesep banyu akeh, aja padha nerusake anggone kumlungkung; amarga kabeh wus padha kaulungake marang pati, ing telenging bumi ing satengahe anak-anaking manungsa kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan.


redi-redi ningali Paduka, lajeng sami gumeter, bena langkung kalayan swanten gumrojog, samodra nyuwanten, saha njunjung tanganipun.


Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing, paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget, gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk, tengger-tengger kang wus maabad-abad anane padha mendhak; kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.


Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati.


Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni, nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe; geni iku mangsa marang bumi dalah pametune, sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan