YUNUS 2:4 - Kitab Sutji4 Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci. Faic an caibideil |
manawi lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manahipun sarta gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun mengsah ingkang mboyongi kadadosaken tawanan wau, punapa malih manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan majeng dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,
manawi nunten sami mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manah saha kanthi gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun tiyang ingkang sami nawan lan mboyong, punapa dene sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan madhep dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih tuwin dhateng ing padaleman, ingkang sampun kawula degaken kagem ing asma Paduka punika,