Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 2:3 - Kitab Sutji

3 Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng, inggih ing dhasaring samodra, kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya, sakathahing alun lan ombak Paduka nasabi badan kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 2:3
11 Iomraidhean Croise  

Lah, aluning antaka wus ngepung aku, banjiring pepati wus nyempyok aku;


Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakake swaraku lan panyuwunku,


sarta talingane nilingake aku, mulane sajegku urip aku bakal nyebut marang Panjenengane.


Kidung jiyarah. Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur disembadani:


Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula, mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka, saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon, saking ing redi Mizar.


Toya mbanjiri sirah kawula, kawula nginten: “Bilai aku saiki.”


“Dhuh Yehuwah, kawula nyebut asma Paduka saking dhasaring luweng ingkang lebet.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan