Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 2:10 - Kitab Sutji

10 Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 2:10
18 Iomraidhean Croise  

Apamaneh pangandikane Gusti Allah: “Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijine, wit-witan kang metu wohe warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono.


Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun.


Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang.


Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon.


Gusti Allah banjur ngandika: “Banyu kang ana ing sangisore langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono.


Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak, lan lemud-lemud ing satanah kabeh;


Gusti Allah ngandika, banjur ana walang, lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,


Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng; nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.


Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.


Pangeran Yehuwah wus rawuh paring kaslametan marang aku! Aku arep padha ngunekake clempung, ing salawase urip ana ing padalemane Sang Yehuwah.


Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.


Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan.


Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira, wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir; sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun, iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun.


Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.


Kacarita marga saka panuntuning Yehuwah nuli ana iwak gedhe kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus, sarta Nabi Yunus ana ing sajroning wetenge iwak mau lawase telung dina telung bengi.


Nabi Yunus banjur kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah kang kaping pindhone:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan