Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 1:9 - Kitab Sutji

9 Wangsulane Nabi Yunus: “Kula tiyang Ibrani, kula ngabekti dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkag kagungan langit, ingkang sampun nitahaken saganten lan dharatan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 1:9
29 Iomraidhean Croise  

Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukane banyu diparingi aran: segara. Kabeh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.


Nuli ana sawijining wong kang keplayu ngaturi uninga marang Rama Abram wong Ibrani, kang dedalem cedhak karo alas tarbantin ing wewengkone Mamre, wong Amori sadulure Eskol lan Aner kang padha mbiyantu Rama Abram.


Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,


tumuli bengok-bengok nimbali abdi-abdine kabeh, sarta dipangandikani: “Delengen! Wong Ibrani iku dilebokake ing panggonanku kene supaya aku padha dianggo dolanan. Iki mau nyedhaki aku, arep awor turu karo aku, nanging aku banjur bengok-bengok sarosaku.


Nalika lagi bae manggon ing kono, wong-wong mau padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mulane Sang Yehuwah nuli ndhatengake singa ana ing satengahe wong-wong iku; ana wong sawetara kang padha dipateni dening singa-singa mau.


Salah sawijining imam kang wus diboyong saka ing Samaria menyang ing pambuwangan nuli mangkat lan manggon ing Betel sarta banjur mulang marang wong-wong bab patrape ngabekti marang Pangeran Yehuwah.


“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda.


Tiyang wau tumunten sami mangsuli dhateng kawula, tembungipun makaten: Kula punika sami abdinipun Gusti Allahipun langit lan bumi, punapa dene kula mbangun malih padaleman ingkang sampun kaadegaken pinten-pinten taun saderengipun punika, kaadegaken saha karampungaken dening satunggaling ratunipun Israel ingkang agung.


Bareng aku krungu pawarta mangkono iku, aku tumuli lungguh sarta nangis lan susah atiku nganti sawatara dina, karodene aku puwasa lan ndedonga ana ing ngarsane Gusti Allahe saindenging langit.


Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit,


“Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.


Unjuk wangsulane Iblis marang Pangeran Yehuwah: “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?


Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga, awit langgeng sih-kadarmane.


Sang Raja ing Mesir uga dhawuh marang bidhan-bidhan kang nulungi wong wadon Ibrani, kang siji jenenge Sifra sijine Pua, pangandikane:


Bareng esuke tindak maneh, sarta mirsa ana wong Ibrani loro kang lagi padha kerengan, kang salah banjur didangu: “Yagene kowe kok nggitiki kancamu?”


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.


“Para sadherek, kadospundi dene panjenengan kok sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdene panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilara tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.


Awit kala wau dalu wonten malaekating Allah, inggih punika Gusti Allah, ingkang kula sembah-sembah tuwin ingkang ndarbeni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula


ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi,


Ing nalika iku ana lindhu kang luwih dening gedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lan wong pitung ewu padha mati dening lindhu iku; lan wong-wong liyane padha giris banget, banjur padha ngluhurake Gusti Allah ing swarga.


Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih, saha boten ngluhuraken Asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka, sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”


lan banjur padha nyenyamah marang asmane Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wudune, nanging padha ora mratobat mareni pratingkahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan