Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 1:8 - Kitab Sutji

8 Ing kono pangucape wong akeh marang Nabi Yunus: “Sumangga kula sampeyan sukani sumerep, sinten ingkang njalari kula sami kadhatengan bilai makaten punika? Padamelan sampeyan punapa lan asal sampeyan saking pundi, ing pundi nagari sampeyan, sarta bangsa punapa sampeyan punika?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 1:8
5 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Pringon tumuli ndangu marang para sadhereke Sang Yusuf mau: “Apa kang dadi panggaotanira?” Unjuke kang kadangu marang Sang Prabu Pringon: “Abdi dalem sami tiyang angen menda ugi para leluhur kawula.”


Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.


Pangandikane Senapati Yusak marang Akhan: “Anakku ngger, saosa urmat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngakua ana ing ngarsane; mara matura marang aku apa kang koklakoni, aja selak ana ing ngarepku!”


Pangandikane Sang Prabu marang Yonatan: “Matura marang aku apa kang koklakoni.” Pangeran Yonatan nuli matur marang Sang Prabu mangkene: “Pancen, kawula sampun ngicipi raosipun maben sakedhik, ingkang wonten ing pucuking teken ingkang kawula cepeng. Kawula sandika nglampahi paukuman pejah.”


Sang Dawud nuli ndangu marang wong mau: “Kowe iku bature sapa lan pinangkamu saka ing ngendi?” Wangsulane wong mau: “Kula punika tiyang nem-neman saking Mesir, rencangipun tiyang Amalek. Kula dipun tilar bendara kula, amargi tigang dinten kepengker kula lajeng sakit.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan