Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 1:5 - Kitab Sutji

5 Para awak-awaking prau padha kataman giris, kabeh padha sesambat marang allahe dhewe-dhewe, sarta momotan kang ana ing prau padha dibuwangi ing sagara supaya praune dadi entheng. Nanging Nabi Yunus iku wus mandhap menyang ing peranganing prau kang ngisor dhewe lan banjur sarean, wasana sare kepatos.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 1:5
22 Iomraidhean Croise  

Wong-wong mau tumuli njupuk sapi kang diwenehake tuwin padha cecawis sarta banjur nyebut jenenge Baal wiwit esuk tumeka wayah tengange, tembunge: “Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!” Nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli. Ing kono para nabi mau nuli padha jingklak-jingklak ngubengi misbyah kang digawe dening wong-wong mau.


Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.


Pangeran ngandika sarta ndhatengake prahara, kang ngumbulake ombak-ombake,


he geni lan udan es, salju lan pedhut, angin prahara kang nindakake sabdane;


Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.


“Sira padha nglumpuka lan padha mrenea, padha majua bebarengan, he sira kabeh kang padha oncat saka ing antarane para bangsa! Iku padha ora duwe kawruh wong kang padha ngarak recane kayu lan kang padha ndedonga marang allah kang ora bisa aweh karahayon.


Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku? Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira, ing wektu sira nemu bilai. He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira, iya samono iku uga kehing allahira!


Pasambate marang Ingsun iku ora metu saka ing prentuling atine, nanging padha nangis ana ing paturone. Padha natoni awake supaya oleha gandum lan anggur, sarta padha mbalela marang Ingsun.


Ing kono banjur padha nyebut marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi-mugi kawula sampun ngantos tiwas pejah margi saking nyawanipun tiyang punika, punapadene sampun ngantos Paduka nempahaken bab punika dhateng kawula sadaya, rah ingkang resik, awitdene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun nindakaken punapa ingkang Paduka karsakaken.”


Awit saka kang mangkono iku wong-wong mau dadi banget wedine marang Sang Yehuwah, sarta padha nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Sang Yehuwah, sarta nglairake punagi.


Panggedhening prau tumuli marani Nabi Yunus, pangucape: “Kadospundi sampeyan punika, dene kok saged tilem kepatos makaten? Sumangga sampeyan tangi, lajeng nyebut dhateng Allah sampeyan, bokmanawi Allah punika karsa ngengeti dhateng kita, temah boten ngantos manggih bilai.”


Nanging sarehne pangantene nganti suwe ora teka-teka, prawan-prawan mau padha nganthuk lan banjur turu.


Nalika murugi para sakabate maneh, iya padha ketemu turu, sabab mripate mbliyut.


Sawise mangkono banjur murugi para sakabate lan ngandika: “Padha terusna anggonmu turu saiki lan ngasoa. Lah wis tekan ing titi mangsane Putraning Manungsa kaulungake marang tanganing wong-wong dosa.


Sawise padha wareg, momotan gandum padha dibuwangi menyang ing sagara, supaya praune bisa entheng.


Dhelila banjur ngarih-arih Simson sare ana ing pangkone sarta nuli nekakake wong kang dikon marasi remane klabangan pitu pisan, temah Sang Simson banjur wiwit kena kawasesa dening wong wadon mau, amarga wus koncatan ing karosane.


Sang Prabu Saul nuli ngumpulake wong pilihan saka sakehing wong Israel cacahe telung ewu, banjur tindak nglari Sang Dawud lan balane ana ing gunung parang Wedhus Alasan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan